Sesorah Pengetan Dinten Pendidikan
Assalamu’alaikum
wr.wb
Ibu
Kepala SMP N 1 GODEAN ingkang tuhu kinurmatan,
Bapak,Ibu
Guru lan Karyawan ingkang satuhu luhuring budi,
Uga
para kanca ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga kita
ngaturaken puji syukur dhumateng ALLAH SWT ingkang sampun paring rahmat lan
hidayahipun. Satemah kita saged mengeti dinten pendidikan ing enjang menika
kanthi sehat wal afiat.
Para
rawuh ingkang minulya,
Ing saben tanggal 2 mei kita mengeti
dinten pendidikan. Ngrembag babagan pendidikan, mboten saged uwal kaliyan
panjenenganipun KI Hajar Dewantara. KI hajar Dewantara lair rikala tanggal 2
Mei 1899. Kenging menapa tanggal kelahiranipun KI Hajar Dewantara dipun pengeti
dados dinten pendidikan ? Lelabetanipun KI Hajar Dewantara ing babagan
pendidikan ageng sanget, satemah KI Hajar Dewantara dipunwastani Bapak
Pendidikan Indonesia. Lelabetanipun KI Hajar Dewantara menika sampun saged
dipunraosaken dening sinten kemawon warga masyarakat Indonesia.
Rikala taksih timur KI Hajar
Dewantara kagungan asma Raden Mas Suwardi Suryaningrat. KI Hajar Dewantara
taksih kalebet wayah saking panjenenganipun Kanjeng Gusti Pakualam ingkang
kaping tiga. Sanajan panjenenganipun putra ningrat, ananging mboten nggadhahi
watak gumedhe, panjenenganipun nggadhahi pangajab ndadosaken bangsa indonesia
saged nggayuh kamardikan.
Perjuanganipun KI Hajar Dewantara
kawiwitan nalika panjenenganipun nyerat artikel ingkang irah-irahanipun “Umpama
Aku Dadi Wong Landa”,seratan menika ndadosaken dukanipun Bangsa Walandi. Awit
saking seratan kalawau, panjenenganipun lajeng dipunbucal dhateng Nagari
Walandi sesarengan kaliyan Dr.Cipto Mangun Kusuma lan Danudirjo Setiabudi utawi
Dowes Dekker. Ingkang asring dipun sebat Tiga Serangkai.
Para
rawuh ingkang tuhu kinurmatan,
Saksampunipun KI Hajar Dewantara
dipunkonduraken saking Nagari Walandi panjenenganipun ngedekaken pawiyatan
ingkang dipunwastani “Taman Siswa”. Sekolah Taman Siswa nggadhahi sesanti “Ing
Ngarsa Sung Tuladha, Ing Madya Mangun Karsa, Tut Wuri Handayani”. Artosipun
kirang langkung menawi guru menika kedah dados panutan tumrap siswa-siswinipun
lan masyarakat sakiwatengenipun.
Para
rawuh ingkang tuhu kinurmatan,
Kanthi lelabetanipun KI Hajar
Dewantara mboten wonten lepatipun menawi kita mengeti dinten pendidikan ing
saben tanggal 2 Mei. Sumangga kita sami nglajengaken perjuangan ingkang sampun
dipuntindakaken KI Hajar Dewantara kanthi tumindak asih kangge ngasah lan
ngasuh kapinteran kita. Mugi-mugi kula lan panjenengan dipun paringi kekiyatan
anggenipun majokaken pendidikan ing wekdal menika.
Cekap semanten atur kula, menawi kathah
kekirangan kula nyuwun agunging samudra pangaksami.
Wassalamua’alaikum
wr.wb



0 comments:
Post a Comment