Saben dino, dak tiliki
Dak garu, watun, rabuk lan liyane
Kanthi mantep
Lan ngarepake hasile kang lemu-lemu lan akeh
Ananging,,,,
Yen mangsa rendeng
Petani padha susah
Pari padha ambruk
Kangelan anggone panen
Asile mung ora sepiro
Para petani mung iso sabar
Setitik mboko setitik
Dipanen kanthi teliti, sinambi ngelus ati
Ananging,,,,
Yen mangsa ketigo
Petani padha bingah
Pari padha urip
Kanthi subur lan ijo royo-royo
Asile iso nutupi, wektu gagal panen
Lan biso nyambung urip kang mulyo.
0 comments:
Post a Comment